• MASUKAN URL GAMBAR" />

a

Selasa, 08 Mei 2012

Asal Usul Dukuh Sumyang

        Dukuh sumyang naminipun dukuh wonten ing desa jatipura, kecamatan trucuk, kabupaten klaten, suasana ing dukuh menika asri, ayem lan pendudukipun sami guyup rukun njalanaken panghidupan saben dintenipun, asal mulanipun dukuh sumyang injih menika critanipun makaten wektu biyen jaman Kerajaan Surakarta Hadiningrat kang dipimpin Ratu Pakubuwono ing pamerintahan kerajaan wonten pajak kang kedah dibayar kaliyan daerah-daerah kang dikuasai Kerajaan, salah sijine yaiku dukuh sumyang ing saben wulanne para daerah ing dikuasai kerajaan kalawau nyaosaken pajak wonten ke kerajaan Surakarta. Ingkang nyerahaken wonten ing kerajaan inggih punika bekel utawa sakmenika lurah, bekel saben wulanne ngumpulaken pajak-pajak saking rakyat kang arupi hasil saking sabin, sayur mayur lan sakpanunggalipun pajak banjur dikumpulaken wonten ing dalemipun bekel banjur rakyat kebeh ing dukuh kuwi sampun ngumpulake sedaya, banjur bekel karo anak buahe ngankuti pajak kalawau lan dibetha  ing Kerajaan Surakarta.

Dina selanjute bekel kaliyan anak buahe bidal kinten-kinten wektu tasih enjang, bekel bidal betha pajak kalawau, perjalanan saking dukuh sumnyang ing kerajaan surakarta menawi mboten klentu setunggal dinten amrga jaman biyen menawi ajeng tindak wonten ing Nagari utawi Surakarta mboten wonten kendaraan utawi sepedha, menawi wonten injih tasih jarang, ing perjalanan barang ingkang dibetha bekel kalawau utah amargi grobrak ingkang dipun agem kangge ngangkut pajak kang arupi hasil bumi niku banipun ical dados barang kang dibetha kalawau dados acak-acakan, bekel kaliyan anak buahe banjur mandheg, mbenahi barang barang kalawau sawise benahi barang-barang bekel kaliyan anak buahe bajur nglajutake perjalanan ora suwe bekel kaliyan anak buahe tekan wonten ing kerajaan surakarta banjur bekel kaliyan anak buahe ngadep Ratu Kasunanan Surakarta yaiku Paku Buwono, ing kono bekel kaliyan anak buahe nyerahaken pajak kalawau banjur Ratu keget” opo kowe mau karo anak buahmu kesusu , kok pajek sing diserahke acak-acakan koyo ngene” pitakonipun Paku Buwono kaliyan bekel lan anak buahe lantas bekel kalawau njawab” ampun sunan kula kaliyan anak buah kula ing perjalanan wonten musibah, injih menika ban grobrak kula ical amargi kula kalawau kesusumenyang saking dukuh kula dados kula dereng mriksa keadaan grobrak kula” oh ngono to, yo wes saiki dukuhmu tak jenengke sumyang saka tembung kesusumenyang” njawab Sunan, injih sunan kula badhe njalanaken titah sunan, njawab bekel kalawau, banjur bekel kaliyan anak buahe kalawau bidal wangsul saking Kerajaan Surakarta, enjing sanget bibar subuh bekel kalawau tekan ing dukuhipun, banjur bekel kalawau ngumumaken titah saking kearajaan surakarta yaiku naminipun dukuh dipunnamiaken dukuh sumnyang banjur warga padha seneng, nrimo titah saking ratu surakarta, lantas dukuh kalawau naminipun dados dukuh sumnyang ngantos sakniki dukuh kalawau naminipun tasih dukuh sumyang mboten wonten tiyang ingkan rencana ngatos naminipun dukuh sumyang, mengkono crita asalmulanipun dukuh sumnyang.

2 komentar: